nge-Blog

August 16th, 2008 by patricnukee

nge-Blog iku gaweanne wong goblok mungkin…. lagi ra nduwe gawean njuk nulis waton…koyo aku :D
nge-Blog mungkin yo mergo kreatip tur utek-e rodo njepat kakeyan ide ning ora ono sing ngrungokke dadi-ne melu-melu nulis waton…koyo aku meneh :p
nge-Blog kuwi uwong sing ilang kecerdasanne…. koyo aku :(~
ra duwe kegiatan sing mutu…….

Untuku ilang….

July 3rd, 2008 by patricnukee

Dino kemis tanggal 3 juli 2008m jam 10 awan tngi turu mangan neng rumah makan padang, segone njaluk tambah separo ben rodo okeh, lawuh iwak pitik karo krupuk ben rodo enak… my last breakfast before surgery… bar iku sikatan karo rapu njuk mangkat neng rumah sakit. sori jek ra wedi nuh…. mlebu neng pendaftaran rumah sakit dr. oen ( dr. oen tu kali yaw?) jam operasi molor mergo pak dokter-e lagi layat jarene staff kamar bedah!…
wih wong mung arep njedilke untu we kok ribet nganti tekan ruang operasi ya? akhir-e pak dokter-e teko aku dikon ganti nganggo klambi operasi warnane ijo… dikek i tutup ndas barang, rodo tersinggung aku, dikirone aku sindapen po??
bar iku dituntun mlebu neng ruang operasi kon turu neng tempat tidur 4×0,5 meter… ngeri jek ndelok perangkat operasine…. sing jelas aku weruh ono bor barang. dadi kelingan neng neng kantor gawe bolongan baut nggo anteno nganggo bor gede….hiiiiiiiii…………….
bar iku disuntik bius sik…. ra kroso loro kok biasa wae…..grrr….. isih betah aku nek mung loro koyo ngunu….
"mas ditunggu mang menit yaw. ben bius-e kerjo sik….." "woke pak dok!!" kethap-kethip karo ndelok suster-suster-e do nyiapke alat-alat… hi ngeri… aku mbayangke alat-alatku sing sok tak nggo masang anteno… ono cutter, tang jepit cilik, bor, kunci inggris, kunci pas, dsb….
"mas gen steril kabeh ditutup yaw….mengko kowe ra iso weruh opo-opo yaw" karang yo wes pasrah yo mung manthuk wae to. bar iku matane ditutupikain…wah mayan dadi ra sulam weruh lampu neng nduwur…sumpah lampune operasi padhang tenan!!
sempet weruh dokter-e nganggo tutup cangkem…. ben opo yaw?? opo nek operasine luput ben ra dituntut???
wes bar iku sing ono mung suworo krak…krek..neng cangkemku…. wekss…..sing paling parah yo iku aku krungu sworo bor mlebu neng cangkemku…. gek nek le ngebor ki alus mayan…. lha le menet bor-e nganti kroso jeh… jinguk tenanan ki le ngebor….. yo mung isone sembayang mugo mugo ra mlusut mata bor-e…. bar ngono dokter-e njaluk tang…. hiii…. diongkek-ongkek ngunu untuku… mbuh…nek ra dibius njuk rasane koyo ngopo yaw??? wong dibius we isih kroso senut-senut jeh…
koyne njuk wes rampung aku kroso ono sing dijahit neng cangkemku….hehehe untuk kok dijahit yaw??? berarti le mlowek ombo nuh su???!!!…. total operasi 30 menit-an bar iku kon ngemut kapas tekan jam 3 sore…. (rong jam)….wes pas enthek bius-e lagi kroso…….maknyakkkkkkkk!!!!!!!!!!!!!!!!!!!! tulunggg!!!!!!!!!!!!! ra iso cangkeman kie!!!!!!!!!!! aku ngelih ning ra wani nguntal!!!!!!!
tulung….tulung,,,,,,,,,,!!!!!!!!!!

un..u…ku…..je…ul…nge..ne…

June 27th, 2008 by patricnukee

gambar X-Ray!!!!

a..u a..as….. au ra i..ow… o…ong….

RUU pornografi Internet

March 27th, 2008 by patricnukee

mergo pegawai negeri okeh sing cabul, njuk pemerintah nggawe aturan ben situs porno di block. mungkin Indonesia negoro pertama sing wani nge-block situs porno kali yah??
dadi ra iso mbayangke sistem sing dienggo nge-block.
mungkin yo dadi pengalih perhatian seko masalah2masalah publik sebenarnya.
tapi ndelok sik profile mendkominfo-ne
Prof. Dr. Ir. H. Muhammad Nuh, mantan rektor ITS taon 2003 tekan 2006, wah iki lumayan jreng ki!! lha bekas rektor universitas sing wangun TI-ne
Prof. Dr. Ir. H. Muhammad Nuh, lulusan Elektro ITS taon 1983, sayang ra disebutke IPK-ne piro….
dadi dosen ITS jurusan tehnik elektro taon 1984 trus entuk beasiswa kuliah neng prancis… nganti tekan iki durung nemu biografine sing nyrempet tehnologi informasi.
tahun 1997 diangkat dadi direktur Politeknis Elektronika Negeri Surabaya PENS-ITS, nah rancangan undang-undang pornografi internet iku mengkone sisteme sing nggawe yo PENS-ITS!!! wah…pinter golek duit nggo kampus-e ki bapak…..
taon 2003 dadi rektor ITS, liyane kuwi deweke ugo dadi ICMI jatim, heheh wes ngerti lah berarti ngopo dewek-e gawe undang-undang pornografi internet. yo mungkin pertama golek proyek, kedua mergo fanatisme sesaat wae. disaat negoro butuh mega-link setara T1 opo luwih, ning malah dewek-e gawe RUU porno….
pertanyaan terakhir!!! nek nganggo V-SAT langsung neng amerika pie corone le nge-block yaph??
Woi pak Nuh!!!! ra mutu kowe…..

listrik didendo karo di potong

March 14th, 2008 by patricnukee

nek mbayar listrik-e PLN di-diskon, suk ngomahku le mabyar mung 4000 rupiah mben sasi, podo karo aku iso ngirit tur mbok menowo cepet sugih….. kok iso?? haiyo iso wong sing murup lampune mung pirang iji, setriko ra tau, mesin cuci nek murup mung seminggu pisan, ra nduwe kulkas… sip!!! maju terus PLN!!! awas nek mati listrike!!!

sing remuk mungkin kantorku yaph??

lha server murup 10 iji,  durung komputer kantor liyane….kulkas, dispenser, wah mugo-mugo ra dipotong gaji kik….. :((

Burung ku TILANG!!!!

February 22nd, 2008 by patricnukee

eh informasi!!!!!!!!!!!
anu ngene….wes tau ditilang pulisi rung??? heheh aku uwes…. dadi wargo negoro sing apik tur manut karo peraturan ki awake dewe nek ditilang… opo meneh yen pancen salah yo kudu manut…
senajan mung manut awak-e dewe yo kudu ngerti tilang kuwi kepriye… mbo yakin mesti ra ngerti yen tilang kuwi jane macem-macem proses-e. ning selama iki sing awak-e dewe ngerti nek tilang kuwi berarti didendo njuk mangkat sidang neng pengadilan. ya to!!!!???
ngene….. proses tilang iku ono okeh. dadi nek misal-e melanggar njuk dicekel pulisi mesti njuk digowo neng pos pulisi njuk ditakon-takonni…. "omahe endi mas??" karo mecucu ben kethok rodo galak…. "ngerti salahmu ra???, kowe mau ngliwati lampu abang (padahal isih kuning)" lha iki penting kie….. "saiki arep sidang opo arep titip??? nek sidang suk setu neng pengadilan jam 8"
dan seterusnyaaaa…………………

sak jane ora ngono….
yen ditilang iku dewe oleh milih, sidang yen awak-e dewe ra trimo otowo rumongso bener. karo ngaku salah….seketika…

SLIP TILANG
1. slip abang
diwenehke yen awak-e dewe ra gelem ngaku salah njuk arep melu sidang ben dibenerke, SIM-e dewe ditahan, njuk kudu mangkat neng pengadilan nggo njupuk SIM

2. SLIP BIRU
ngaku salah yeng melanggar wektu iku ugo…. nek iso awan…langsung mbayar neng bank njuk SIM-e dijupuk neng polres wektu iku ugo… gampang….

mulo yen do kecekel pulisi. opo meneh isih awan, bank isih bukak, mendingan ngaku salah njuk njaluk SLIP BIRU, dadi ora nyogok pulisi sing soyo suwe nek njaluk soyo okeh… nek mbayar neng bankduit-e iso mlebu negoro……

neng jakarta…..

February 15th, 2008 by patricnukee

moco tivi, nonton koran, ndelok radio nek pas brita kabeh sing dibahas jakarta… opo indonesia iki isine mung jakarta ya?? presidenne neng jakarta, kabeh pejabat neng jakarta… rasane pingin ndelok jakarta keno longsor opo kleleb banjir nganti presidenne cincing kathok ngacir seko istana merdeka….

trus neng jakarta jebulanne okeh wong susah ya?? wes ngerti susah isih ngeyel manggon neng jakarta…wuu…pekok…ngono yo direwangi nganggo demo-demo, ngamuk-ngamuk nek omahe digusur… lha wes cetho-cetho le manggon ora sak bener-e kok ngamuk nek digusur….

opo meneh ya… woo…banjir….. nek kebanjiran ngunu arep nyalahke sopo hayo!!!! lak cangkeme ra wani nyalahke pemerintah, haiyo wong sing mbuwak sampah neng kali yo menungsane dewe… sing marai banjir yo menungsane dewe….kudune jakarta didadekke sawah wae…… banyune wes ono okeh kari nanduri pari….

po meneh yaa……oowww…nek demo ki ngopo kok mesthi ndadak neng jakarta ya sing okeh??? mbok pisan-pisan nek demo sing ngaku mahasiswa kuwi mau lungo neng papua kono…..sepi neng kono ra tau ono demo…. demo kok didadekke kurikulum….dikulum….

jakarta nyimpen sejuta kegelapan, keremangan, kemaksiatan (aku seneng kie), kekekekekekekekeke…………

Olah Raga…..

February 15th, 2008 by patricnukee

olah raga boso jowone opo??? ngolah rogo… hehe… wes seminggu iki aku tangi gasik… jam 6. BAYANGKE!!!! masmu bagus ngene seminggu tangi gasik terus??!!!! yo ning lagi dino iki kesambet setan njuk nduwe ide mlayu-mlayu ngubengi manahan.

weh…jebul penak nda!! pertama… sayang mata…matane kie melu olah raga!! wes pokokmen penting kanggo rohaniku. kedua sehat… le mlayu 100 meter tunggal-e mlaku karo matane pecicilan, pringas-pringis mergo mengkis-mengkis karo njagani ben rupane tetep ngganteng, padahal yo ra mungkin….jingan!!

awake dewe ki lak wes ra sehat, kakeyan udud, kakeyan mangan, micak-micek, ra tau kemringet. mulakno ayo olah raga….. tak enteni neng manahan antara jam setengah enem tekan jam enem, nek punjul seko kuwi kemungkinanne aku durung tangi nek ora wes muter tekan gor seblah ngarep…. hehehe….

PANCASILA

February 11th, 2008 by patricnukee

***PANCASILA***

1. Ketuhanan yang maha Esa

2. Kemanusiaan yang adil dan beradab

3. Persatuan Indonesia

4. Kerakyatan yang dipimpin oleh hikmat kebijaksanaan dalam permusyawaratan/Perwakilan

5. Keadilan sosial bagi seluruh rakyat indonesia

———————————————————————————-

garuda pancasila wes mabur…. wong indonesia wes lali karo manuk-e…mbuh njuk saiki nganggo opo le urip bongso iki…mbiyen pancasila didoktrin seko bayi tekan SMA. mBiyen aku apal pancasila nganti tekan P4 sisan Pembukaan UUD 45…po ra elok?

Ketuhanan yang Maha Esa…wong indonesia saiki wes ra duwe gusti allah, mbok menowo gusti allah-e wong indonesia wes ganti…

Kemanusiaan yang Adil dan Beradab…wong indonesia wes dudu menungso saiki, cathek-cathekan kiwo tengen, tegel mangan bongsone dewe, sing kuwoso sing dimenangke sing cilik digiles nganti mati…

Persatuan Indonesia… Indonesia saiki wes ra SIJI!!!! wes pecah karep-e dewe, kabeh wes manut wudhel-e dewe-dewe, do golek penak-e dewe…

Kerakyatan yang Dipimpin oleh Hikmat Kebijaksanaan dalam Permusyawaratan/Perwakilan…wes iki opo meneh artine, rakyat wes ra dipimpin dening wong becik maneh, sing makili rakyat yo wes makili awake dewe-dewe…asu

Keadilan Sosial bagi seluruh rakyat Indonesia…adil?????? adil dari hongkong????

seko cendana tekan giri bangun

January 28th, 2008 by patricnukee

Sugeng tindhak pak Harto, bapak presiden Indonesia kaping pindho, Bapak Pembangunan, Bapak Repelita, Korban Konspirasi, Korban penyakit, lsp.
Wong paling sugih sak INDONESIAAAA……….
pakne sugih, anak-e yo sugih…. kabeh sugih…. wong dadi presiden suwe tenan…..
ning saiki wes mati, kudune dadi pahlawan nasional ya????
ojo dink…. mengko ndak soyo okeh sing panas…. biasa wong indonesia….
kanggokku pak Harto luwih becik timbang pak SBY (eit… sesuk aku diculik)